*”Loro”*
Aku iseng bertanya pada sahabatku
Eka soal bahasa jawa.
Lina: Eka,apa bahasa Jawanya
kalau Dua dua nya sakit….?.
Eka : loro lorone loro.
Lina: ngaku orang Jawa, piye yo
kok ora iso…..
*”doraemon”*
Sapa jenenge bapake lan mboke
DORAEMON?
jawab: dorareti & doraweruh
*”Singkatan Nama anak”
*
enek wong duwe anak limo, jenenge
maribu, marika, marice, marila,
marina.
piye carane nyeluk bareng supaya
kabeh moro
jawab: maribukacelana
*”Opo hayo???”
*
dipencet…. ditekak.. ..bar kuwi
di banting….. Opo hayo?????
Jawabane UMBEL
*”jebul podo wae : Ngantuk”*
Bengi iku lek kresna kejatah
ronda, rumangsa dadi warga desa sing apik
deweke mangkat njujug gerdu seng
panggonane neng kidul deso.
Tekan gerdu deweke nemoni
arek-arek nom-noman sing podo jaga do
pating glemprang sajak ngantuk
tur katon kuyu-kuyu,
“Wong nom-nom an yahene wes do
ngantuk!”, lek kresna menehi pitutur
“masyo hahhwane hadem hoyo ngene
hhaawake dhewe hkudu teteb
siaga huahahmm…. !” tembunge lek
kresna sing jebule yo podo ngantuke !!
*”Beda Bahasa”*
Ono wong Sundo pas mlaku-mlaku
nang alun-alun kebelet pipis,
mampir dhisik nang WC UMUM.
Pas ketepaan penuh kabeh.
Mari ngono, ono pintu sing mbuka.
Dasare wong Sundo ramah, takok
“Atos (sudah/wis rampung,red) , mas ?”,
lha kok bejone, sing metu wong
jowo.. dijawab ambek mangkel thithik,
“Atos gundulmu..mencret kok..!!”
*”Di uber celeng”*
Sore sore mulih seko angon,
Karina petuk-qan karo Rochatie.
Rochatie: piye kabarmu, waras
toh.
Karina : waduh, dino iki aku meh
mati disruduk karo celeng.
Rochatie: lho kok biso ngono,
piye ceritane…? .
Karina : mau pas ngolek godong
kleang (cengkeh), aku petukan karo
celeng. Tak usir karo kayu pring,
malahan ngamuk. Aku di uber uber
arepe di sruduk, untung-nge
celeng kuwi bolak balik tibo kepleset.
Dadine aku sempet menek wit
cengkeh.
Rochatie: waduh serem banget yo,
nek aku sing ngalami. Wis pucet lan
pasti awaku ke puyuh puyuh.
Karina : Lho aku yo ngono, kowe
pikir si celenge kepleset banyu opo
haa..!!!!!!! !!!!!!!.. ……… ..
*”Buah”
*
Pong-pong: Buah opo sing doyan
pentil????
Enggar: Embuh yo dab????
Pong-pong: Yo mmBuahmu Kakung.
Hueheeeeee..
Enggar: Astogfiruloohhh. ….
*”Ku x Ku = ???” (Hitungan Jawa)
*
Ku x Ku = ???
Dihitung pake rumus jawa hasilnya
= 2, x = ping (dalam bahasa jawa)
Jadi KuPINGku = ada 2
NYang belum ngarti bahasa
Jawa…ini ada sedikit pengetahuan :
*”Dua Arti”*
Taukah anda, MADANGISINGTURU.
Punya dua arti dalam bahasa jawa
1. MADANG = makan, NGISING =
buang air besar, TURU = tidur
2. MADANGI = nerangin, SING =
yang, TURU = tidur
*”ORANG JAWA SELALU UNTUNG”*
Kecelakaan Pertama (sepeda motor
rusak):
Orang Jawa: “Untung sepeda motor
saya yang rusak”
Kecelakaan Kedua (kaki kirinya
patah):
Orang Jawa: “Untung cuma kaki
kiri saya yang patah”
Kecelakaan Ketiga (kedua kaki dan
tangannya lumpuh)
Orang Jawa: “Untung saya masih
hidup”
Kecelakaan Keempat (rumahnya
ambruk dan langsung mati)
Orang Jawa: “Untung saya langsung
mati, tidak tersiksa dulu”
Di akherat (dimasukkan ke
neraka):
Orang Jawa: “Untung di neraka
temannya banyak”
*”Nama Jawa”*
Ini dari Teman yg orang Jawa:
Dibalik nama-nama pria Jawa
sesungguhnya ada harapan tertentu dari
orangtuanya, agar anaknya kelak
kalau besar bisa sesuai yang diharapkan.. ..
Contohnya :
- Pandai menanam bunga, diberi
nama Rosman.
- Pandai membaiki mobil, diberi
nama Karman.
- Pandai main golf, diberi nama
Parman.
- Pandai dalam korespondensi,
Suratman.
- Gagah perkasa, Suparman.
- Kuat dalam berjalan, Wakiman.
- Berani bertanya, Asman
(askman).
- Ahli membuat kue, Paiman.
- Pandai berdagang, Saliman.
- Pandai melukis, Saniman.
- Agar jadi orang kaya, Sugiman.
- Agar besar nanti padai cari
muka, Yasman
- Suka begituan, Pakman
- Suka makan toge goreng, Togiman
- Selalu ketagihan, Tuman
- Selalu sibuk terus, Bisiman
- Biar pinter main game diberi
nama Giman
- Biar bisa sering cuti diberi
nama Sutiman
- Biar jadi juragan sate diberi
nama Satiman
- Biar jadi juragan trasi diberi
nama Tarsiman
- Biar pinter memecahkan problem
diberi nama Sukarman
- Biar kalau ujian ndak usah
mengulang diberi nama Herman
- Biar pinter bikin jus diberi
nama Yusman
- Biar jadi orang yang berwibawa
diberi nama Jaiman
- Biar jadi pemain musik diberi
nama Basman
- Biar awet muda diberi nama
Boiman
- Biar pinter berperang diberi
nama Warman
- Biar jadi orang Bali diberi
nama Nyoman
- Biar jadi orang Sunda diberi
nama Maman
- Biar lincah seperti monyet
diberi nama Hanoman
- Biar jadi orang Belanda diberi
nama Kuman
- Biar tetep tinggal di Jogja
diberi nama Sleman
- Biar jadi tukang sepatu handal
diberi nama Soleman
- Biar tetep bisa jalan walau
ndak pake mesin diberi nama Delman
*”Perihal Entut Boso Jowo “
*
Coba deloken, kowe klebu wong
opo?
1. Wong sing ORA JUJUR.
Wong sing nek ngentut terus
nyalahke wong liyo.
2. Wong GOBLOG.
Wong sing ngampet ngentut nganti
jam-jaman.
3. Wong sing jembar WAWASAN-e
Wong sing ngerti kapan kudu
ngentut.
4. Wong sing SENGSORO
Wong sing pengin banget ngentut
ning ora iso ngentut.
5. Wong sing “MISTERIUS”
Wong sing nek ngentut, wong liyo
ora ono sing ngerti.
6. Wong sing GUGUPAN
Wong sing ujug-ujug nyetop entute
nek pas lagi ngentut.
7. Wong sing PERCOYO awake dhewe
(percaya diri)
Wong sing ngiro nek entute dhewe
ambune wangi.
8. Wong KEJEM (sadis)
Wong sing nek ngentut nang amben
terus ngibaske seprei-ne nang ambene
koncone.
9. Wong sing ISINAN
Wong sing nek ngentut ora muni
ning terus rumongso isin.
10. Wong sing STRATEGIS
Wong sing nylamurke entute kanthi
ngguyu cekakakan.
11. Wong sing BODHO.
Wong sing nek bar ngentut terus
ngunjal ambegan dienggo ngganti entute sing
metu.
12. Wong CETHIL.
Wong sing nyadhangke entute (nek
ngentut diencret thithik-thithik) .
13. Wong SOMBONG
Wong sing seneng ngambu entute
dhewe.
14. Wong RAMAH
Wong sing seneng ngambu entute
wong liyo.
15. Wong sing ORA SENENG SRAWUNG
Wong sing nek ngentut ndhelik.
16. Wong “AKUATIK” (iki boso
jowone opo yo? tulung Jad terjemahno)
Wong sing senenge ngentut nang
njero banyu ben-e muni
“blekuthuk-blekuthu k”.
17. Wong sing ATLETIS
Wong sing nek ngentut karo
ngeden.
18. Wong JUJUR
Wong sing ngakoni nek bar
ngentut.
19. Wong PINTER
Wong sing niteni ambune entut
tonggone.
20. Wong SIAL
Wong sing nek ngentut mesthi
katutan AMPASE.
Mugi-mugi dipun paringi sabar lan
kawelasan.
*”Bahasa Tubuh”
*
Satu layanan baru dari operator
selular di Indonesia saat ini.
Tekan 1 untuk layanan bahasa
Indonesia, tekan 2 untuk bahasa Inggris,
tekan 3 untuk bahasa Perancis,
tekan 4 untuk bahasa Cina.
Tekan sepuas puasnya untuk bahasa
tubuh.
*”Razia Pedagang Kali Lima”*
Esuk iku enek patroli polisi
pamong praja nek stasiun.
Sing paling cedak enek tukang
duku.
Terus ujare polisi marang tukang
duku
Polisi : Sampeyan ngerti ra, yen
papan iki ora etuk nggo dodolan.
Tukang Duku : Nggih pak, nyuwun
pangapunten aku gar reti.
Polisi : “Yen ngono kanggo
ukumane lebokno daganganmu neng bokongmu
nganti entek…!!!! cepeeeeeet!!
!!”
Tukang duku : “Nggih pak” (karo
sajah sedih lan brebes mili) teru
dewekke nglebokke siji mboko siji
nang bolongan pantate nganti entek.
Ora let sawetoro suwe dewekke
ngguyu kepingkel-pingkel sampek
mbrebes mili lan kepuyuh-puyuh.
…..
Polisi : “Awakmu ngece yo, opo
pingin bakulmu tak kon nglebokke sisan??!!”
Tukang Duku : “Ora pak, aku gak
ngece babar blas, sinambi terus ngguyu
ngakak…”
Polisi : “Terus enek opo kowe
terus ngguyu kepingkel-pingklel? ?!!”
Tukang Duku : “Iku lho pak, nek
sebelah kono enek tukang duren karo
tukang klopo…”
*”Humor Jawa* *”*
Bayan Semun wis meh 6 wulan
pindah ning Kalimantan , kerjo ndik
tambang batubara tengah alas
(istilah wong Samarinda, di lokasi).
Kebetulan ono giliran weekend,
ape mulih Mediun kadohan dadi cukup
ning Samarinda wae.
Langsung wae dijak karo koncone
cangkruk ning pub daerah
Pinang Babaris.
Dasar bayan Semun pengin gaya,
opo maneh duit gajian 6 sasi sik utuh,
pengin dikancani ngombe ambek
cewek.
De’e langsung kondo nang
bartender,
“Bang, aku ni udah nam bulan di
lokasi. Tolong carikan cewek seksi,
cantik, putih mulus. Pokoke cewek
yang special.”
Gak let suwe cewek sing dipesen
bayan Semun teko.
Putih mulus, bahenol, wajahe yo
ayu tenan (nek iki gak masalah,
soalke iso kombinasi make up
menor + lampu remang2).
Cuma bayan semun rodo curiga kok
cewek iki gak sak blaene.
Bayan Semun langsung ngomong ndik
bartender,
“Kurang ajar kamu ya, aku ini
masih normal. Mosok kamu kasih bencong”.
Bartender nyahut, “Lho mas kan
pesen cewek special, ya ini:
CEWEK SPESIAL PAKAI TELOR!”
[image: Haha][image: Haha]
*”Humor Jawa**”*
Nalika ana program internet
mblusuk ndeso, Bayan Semun tertarik karo
omonge mantri telpon jare
komputer kuwi alat canggih, mesin pinter,
iso mikir dewe…
Mula gak kakehan mikir, dina iku
pit montore sing nembe dicicil telung
sasi, sekolah nang nggadhean
swasta..
deweke terus bablas nang pasar
kawak arep tuku komputer (mosok ana
toko kumputer nang pasar kawak).
“Halah… ra rah kursus-kursusan.
.. wong mesin pinter ae kok.. mesthi
isoh lah carane nglakokne”, ngono
pikirane.
Akhire komputer pentium lengkap
sak printere wis tekan omahe.
Bayan Semun iku masiyo ndak
ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine…
mula sungkan nek arep njaluk ajar
uwong…
“ndak dikira goblog” (padahal ya
gak ngerti tenan)…
komputer dipasang dewe.
Merga wis nate mbantu Pak Lurah
masang komputer nang kelurahan,
mula nek mung carane ngecopne lan
nyambung-nyambunge kabel ya gak
masalah…
Nanging nalika diuripne…
komputerm ana tulisane “printer
not found”.
Weruh tulisan ngono mau..
Bayan Semun gak kurang akal,
ponakane sing sekolah wis sekolah smp
diceluk..
“Nang.. deloken komputerku, iki
mau nembe tuku… iki mesin pinter…
nek kowe cah pinter mesthi ngerti
artine tulisan iku?’ kandhane Bayan
Semun pura-pura nge-test..
“Gampang… printere mboten
kepanggih leres mboten Lik” jawabe
“Sembarangan. .. iki mesin
printer ya jelas salah”, jawabe bayan Semun.
Tapi batine ragu-ragu,
“Engko gek kuwi bener, tapi gak
mungkin nek mesin sak mono gedhene
gak eruh.. eh gek aku diapusi
karo Koh Abun sakjane iki mesin
guuuooblog.. .”, Bayan Semun duwe
pikiran nek diapusi karo sing dodol..
“Koh… kowe aja ngapusi yaa… wong
komputer goblog kok diomongne
pinter, mosok printer gedhene sak
mene kok gak bisa nemokne ki piye”,
Bayan Semun protes.
“Ora nemu piye”
“Lha iki tulisan .. printer not
pond iki”
“Owalah kang Bayan… kuwi dudu
komputere sing goblok tapi durung l
engkap syarate maksude isik butuh
driver..”
„Maksude butuh sopir ngono.. lha
ku aku iki rak ya wis siap nyetir
komputer ta”
„Tunggu ae.. engko tukangku tak
kon mrono.”
Mumpung isik nyambung karo Koh
Abun…Bayan Semn kepingin takon sisan.
Sing mendorong dekne nekat tuku
komputer iku sakjane merga kepingin
iso ndelok gambar wong wedok
mliding, wis kepingin arep ngobrol karo
tanggane kang supri sing saiki
nang amrik, kepingin ngirim duwik lan
mbayar tagihan listrik.
“Koh nek aku arep ngirim kabar
nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?”
“Kowe kudu ngerti alamate”
“Wis tak tulis lengkap alamate
kok, malah tak lengkapi si Panjul ponakane
Bayan Semun, asline Kampung
Pingkuk, nang Hongkong tahun 1998
dikirim biro jasa Bumen Rejo
Abadi.. lsp tapi kok gak ketemu karo
bocahe yaaa..”
“Mosok alamate ngono… Nek gak
ngerti persise sampeyan bisa lacak
saka ipene”
“Ipe sing endi… wong bocahe iki
isik bujangan ya mesthi durung nduwe
dulur ipe ta..”
“Wis kang.. kumputermu paken
meneh kirim balik mrene, duwekmu tak
balekno, montormu tebusen
meneh”[image: Wallbash]
*”Nostalgia arek Suroboyo”
*Pas wayahe bulan purnama,
Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia
numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan
mburine pabrik paku.
“Dik, yok opo lek awake dhewe
mbaleni lakon limang tau kepungkur
pas pacaran biyen ?” jare
Muntiyadi.
“Iyo cak, setuju.” jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno
ndhik pager wesi mburine pabrik
paku iku.
Terus ambek Muntiyadi, Romlah
dijak indehoi koyok jamane pas
pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak
ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono,
Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek
loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
“Waduh dik, awakmu kok cik girase
” jare Muntiyadi.
“Iyo cak, limang taun kepungkur,
pager wesine gak onok setrume. .”
*”Kelangan Anak Mergo Nganggo
Kontrasepsi “*
Critane iki darmaji duwe anak
sepuluh, pancen yo darmaji asal e ndeso,
ora tau mangan bangku sekolah
(gendeng be’e bangku dipangan !!),
Darmaji karo bojo ne surpa’ah ora
tau nggawe alat kontrasepsi. ..!
Saben ngono yo mesti kebobolan.
Dasar yo Darmaji, ndelok bojone
njenthit, mulet, angop, nyapu, ngepel,
langsung napsu ne nglunjak…
Ghandule njaluk dicelupno nang
iku ne Surpa’ah. Ga sadar be’e lek anak e
wis limo…!!
Akhire darmaji konsultasi nang
dokter Sukardi, tonggone dewe..!!
Darmaji ngomong nang dokter “Pak
dokter, kulo niki duwe anak limo,
tapi kulo ndelok bojo kulo
njenthit mulet, angop, nyapu, ngepel,
mesti napsu kulo nglunjak, pingin
numpaki bojo kulo! Lha tapi pak dokter,
nanging kulo mantun numpaki bojo
kulo, bojo kulo mesti meteng,
lha piye iki dokter ?”
Doktere ngomong “Lha sampeyan iki
ora nggawe alat kontrasepsi tah?”
Darmaji ngomong “Opo dok?
Kontakseksi? Opo iku aku gak eroh dok ?”
Moro dokter ngomong “KONTRASEPSI
GOBLOK!! Iku semacam alat ngango
cek bojone sampeyan ora meteng,
koyo iki lho (dokter e ngetokno
KONDOM)”
Jarene darmaji “Wah, iyo tah dok,
tak cobak e dhisik, piro biyayane dok ?”,
Dokter e nyauti “Wis kondom e ae
sampeyan tebus, rongpuluh ewu wae!
rong minggu maneh sampeyan mreneo
maneh yo, aku pingin ngecek
sampeyan!”
“Oye, dok!” jarene darmaji.
Bareng selang rong minggu darmaji
teko nang dokter sukardi.
“Wuaah dok pancen manjur jarene
sampeyan! anak kulo saiki kari siji?”
jarene darmaji.
Doktere kaget. Terus ngomong “Lho
anak e sampeyan koq iso kari siji?
yo opo ceritane?”
“Ngene critane dokter, winginane
pas marine dokter maringi kulo kondol”
Jarene dokter e “kondom goblok !”
Jarene darmaji “Oh iyo… kondom!
Lha maringono kulo ten dalem,
langsung nganclap bojo kulo
supa’ah, langsung kulo tumpaki, lha…
Mari numpaki bojo kulo niku, kula
langsung dahar kaliyan anak kulo sing
nomer loro, telu, papat kaliyan
limo… Lha sing nomer siji ora ono ndek
omah…anak kulo sing nomer siji
tasik sekolah. Pas mari dahar,
kondom niku kulo pangan kalian
ngombe teh. Nah… selang limang menit
weteng kulo mules kebelet
ngeseng. Pas arep mlebu jheding,
celono kaliyan sempak kulo, kulo
plorotno. Durung sampe mlebu jheding
kulo ngentut. Lha pas ngentut,
kondom niku wau metu, terus mlembung
guueedhe sampe pecah..dhaar. .!!
Nah papat-papate anak kulo wau
mrisani kejadian mau,
ngguyu-ngguyu kekel karo nyekeli weteng sampe
nangis-nangis karo ga kuat
ambekan. Sampek-sampek kepapat-papate
anak kulo wau mati!!”
*”Humor Jawa**”*
si tino (bukan nama sebenarnya)
ponakane bayan semun termasuk bocah
lugu nanging bocah manis gak tau
mbantah apa perintahe wong tuwo,
tapi rada kuper, sing jeneng
pacaran ae durung tau.. lha wong lagi
nyedhak cah wedok ae wis ndredheg
gemeteran ngewel jeee…
mula termasuk genre stmj alias
setengah tuwo masih jomblo…
angger ditakoni “kapan kawin?”
jawabe mung, “may”… maksude “may
be yes may be no”… masiyo telat
kawin tapi sebagai cowok sing gak
neko-neko, dijamin nek segel abang
sing ana tulisane “do not accept
if the seal is broken” isik utuh tanpa
cacat utawa baret..
kocap kacarito, sambel kecap ditambah
merico… bener apa jare
unen-unen “jodo, rejeki lan mati
iku pesthi”, ujug-ujug si tino rabi karo
si tini (bukan nama sebenarnya).
merga dianggep bocah kolokan,
anak mami, mula ing titi wanci
menjelang dadi mnaten ibune
sibuk, kepingin banget ngajari si tino piye
carane memperlakukan isteri ing
malem pengantin mengko.
ibune kuwatir nek tino gak ngerti
apa sing diarani “ngadu saliro tanpa
busono” iku mula dijelasne apa
sing kudu ditindakne karo bojone…
(ibune lali nek wedhus kae gak
nate ana sing ngajari ya bisa dhewe..
he,he,he…) “le… kowe engko turu
sak amben bareng bojomu,
aja nganggo pakean, terus kowe
rangkulan.. bagian awakmu sing atos
kuwi lebokna nang nggone bojomu
pipis, terus mlebu-metu bolak-balik
bareng karo aba-aba kenthongan
sing tak tabuh saka njaba ” ngono
dhawuhe ibune, si tino manggut
ngerti.
singkat crita, pas malem
ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang
pengantin nggawa kenthongan
rondha.
sakwise ana aba-aba siap… ibune
tino nuthuk kenthongan.. thok…
thok.. tok.. wiwitane alon-alon…
saben limang kethukan mendeg dhisik….
terus tambah suwe tambah cepet..
thok,thok,thok.
thok,.thok,
terothok,terothok, terothok. ..
akhire kaya titir banjir..
sakwise sekitar limalas menit
saka njero kamar si tino karo bojone
jerit-jerit njaluk tulung…
wong-wong kaget… lawang didobrak
alon-alon ditiliki mbokmenawa ana
masalah.
tenan, nang njero kamar si tino
gudras getih bathuke babak bundhas…
“lho iki piye.. ana apa
nduk….???. ..”
“ng…. anu mbok… mas tino
nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero
kloset”
ealah….. dasar….
*”Sayembara Juragan Tambak “
*Onok juragan tambak jenenge
Sablah ngadakno sayembara.
“Sopo ae sing wani njegur nang
tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda
Montor.” jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok
sayembarane, tapi gak onok sing wani
njegur nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk
iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak
panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur,
hadiae digenti dhadhi montor
kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani
njegur mergo merinding ndhelok
boyone guedhe-guedhe mangap
kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae
ditambah maneh, montor kijang anyar
ambek omah sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani
njegur.
Mari sepi meneng kuabeh,
moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh
ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire
Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel
kuabeh.
Wis mari ambekan, Sablah marani
arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi
nolak.
“Yo wis tak tambahi dhuwik
limangatus juta” jare Sablah, tapi Muntiyadi
tetep nolak.
“Tak tambahi mas-masan sak kilo”
jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep
gak gelem.
“Wis ngene ae, awakmu njaluk opo
ae, tak turuti” jare Sablah gak
gelem kalah.
“Aku njaluk arek sing njungkrakno
aku mau digowo rene” jare Muntiyadi
*”OOM… TULUNG DOLEKNO WEDUSKU
PISAN “
*Santoso kerjone angon wedhus,
lek mangkat esuk molih sore.
Pas nggiring wedhuse mlebu
kandang kok kurang siji.
Santoso nggoleki muter-muter gak
ketemu-ketemu.
Akhire Santoso menek uwit beke
wedhuse ketok teko ndukur,
tapekno gak ketok jugak.
Pas arep mudhun Santoso kaget,
gak sido mudhun soale ndhok ngisor
uwit onok mat Pithi mbarek
Saropah lagi pacaran.
“Dik, bukaken rokmu age, aku mung
kate ndelok ae kok” jare mat Pithi
“Ojok ah cak, aku wedi engkok
onok setan liwat” jare Saropah.
“Sumpah dik, aku mung pengin eruh
ae kok, ayo ta bukaken…sumpah
tenan dik, wis ta percoyo-o” mat
Pithi wis gak sabar.
Krungu sumpahe mat Pithi, Saropah
langsung ngangkat rok-e (tibakno gak
nggae kathok).
“Wuik….. apike rek….. sak ndonya
ketok kabeh” jare mat Pithi.
Santoso krungu ngono langsung
mbengok
“Om, om, tulung delokno wedhusku
ndhelik ndhok kono gak?”
http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/